TANGGAP
WACONO
PANGETAN
DINTEN KAMARDIKAN
REPUBLIK
INDONESIA 17 AGUSTUS 2014
Asasalamu’alaikum
wr.wb
Kakak-kakak pembina ingkang satuhu
kinurmatan. Kadang-kadang panggalang ingkang bagyo mulyo. Wonten ing dinten
meniko sedoyo Banga Indonesia sami mengeti salah satunggaling Dinten Agung
inggih meniko Dinten Ulang Tahun Proklamasi Kemardikan Negari Republik
Indonesia ingkang kaping 69 (sewidak sanga).
Kanthi menika kita tansah ngaturaken puji
miwah syukur wonten ngarsanipun pangeran (Alloh) ingkag maha mirah awit nikmat
ingkang sampun keparingaken dhateng Bangso Indonesia arupi kamardikan saking
cengkraman penjajah, salebetipun Tigang Atus Seket Tahun.
Kita sami, tentu taksih enget bilih rikolo
Tanggal 17 Agustus 1945 wanci tabuh 10 (sedoso) Kamardikan Negari Republik
Indonesia dipun Biwarakaken dateng sakindhenging Bawono saking gedung Pegangsaan
Timur Jakarta, dening Bung Karno Hatta.
Kamardikan rikala semanten mboten arupi
bebingah lan kito tampi mekaten kemawon, namung kamardikan kita tampi kanthi
perjuangan lan lelabuhan ingkang peng-pengan saking poro pahlawan lan
sedoyo bangsa Indonesia, ugi perjuangan liwat forum politik.
Dumugi sak punika sampun 69 (sewidak sanga)
tahun. Kamardikan Bangsa Indonesia, mapinten-pinte kewontenan sampun kita lampahi.
Pramilo ing wekdal menika kita kantun ngisi kamardikan kanthi ningkataken
pembangunan sae pembangunan material ugi pembanguna spiritual.
Ugi sampun dados jejibahan lan tanggel jawab
kita sesarengan kangge nglajengaken semangat perjuangan, greget ‘ 45 (empat
lima) ingkang makantar-kantar lan sengkut kanggo ngisi kamardikan kanthi
pembangunan wonten sedoyo bidhang, murih kesejahteraan, kemakmuran Bangsa
Indonesia saget kasembadan.
Kemakmuran tangeh badhe kito cepeng menawi
kita mboten mbudidoyo kanthi semangat ingkang makantar-kantar utawi
peng-pengan.
Engkang kedah kito enget bilih kamardikan
ingkang kita tampi mboten sanes amargi rohmat lan Nikmat ingkang dipun paringaken
saking Alloh dateng Bangsa Indonesia. Tanpa nikmat lan rahmat saking Alloh
mboten badhe kamardikan kito tampi.
Pramila saking punika kita minangka Bangsa
Indonesia ingkang sampun dipun warisi saking poro pejuang ingkang sampun
ngrumiyini seda kedah gadhah, greget mbangun, greget nyambut damel (makaryo),
greget sinau murih kasembadan dumadosing Negari Ingkang adil lan makmur kanthi
kedadosan UUD 45 lan Pancasila.
Ing wusana, sumangga kita mahargyo Pengetan
Dinten Kamardikan Negari Republik Indonesia ingkang kaping 69 (sewidak songo)
menika kanthi raos suka lan greget ingkang makantar-kantar.
Mekaten mugi Alloh SWT paring rohmat lan
Barokah dumateng kita sedoyo Bangasa Indonesia. Amin.
Wassalamu’
alaikum wr. wb
ConversionConversion EmoticonEmoticon